TAMAN GEGURITAN

TAMAN GEGURITAN
SURA DIRA JOYODININGRAT LEBUR DENING PANGESTUTI, TANCEP KAYON.

Selasa, 31 Agustus 2010

TAMAN GEGURITAN 03


.oleh Singgih Widodo pada 01 September 2010 jam 11:07.


Lamat lamat swara Perkutut manggung nembus wayah wengi
Anyep njejet sumilir angin mangsa ketiga njekut ngademi diri
Semrebet nggawa gandha ambu wangi ing wayah wengi
Ambu gandha lemah kang mbangun jiwa, raga lan nurani
Lemah Jawa Dwipa kang wus sawatara amung dadi impi
...
Kledang kledang Rembulane sumunar gawe pepadhang
Padang jingglang cahyane tumetes ning ademing ati
Ati kang tansah nyawiji marang Gusti, nyoba nyimak wengi
Tak trawang ,tak sawang Bumi Jawa Dwipa kaya wayah rina
Reja kaya lagi padha suka suka, lali marang rina lan wengi
...
Jawaaaa...Jawa..
Blegermu kaya Sima kurang mangsa
Klemah klemeh ati akeh sing durung padha semeleh
...
Byaaar...
Sumunar cahya Surya nggugah wengi
Padhange Nembus marang diri kang nyoba nenepi
Nenepi karana golek meneping ati kang putih suci
...
Jawaaa...Jawa
Muga muga diadohna sakabehing rubedha
Dadiya Gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja.
Amiin Yaa Robbal'allamiin...


Tancep Kayon,


Rebo Pahing, 01 September 2010
SINGGIH WIDODO


Sakdulit Dubang/Abang abang lambe : Katur sedaya sederek engkang remen geguritan. Kula nyuwun tulung ,menawi wonten klentunipun sumangga dipun leresaken mawon...Nuwun.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar