TAMAN GEGURITAN

TAMAN GEGURITAN
SURA DIRA JOYODININGRAT LEBUR DENING PANGESTUTI, TANCEP KAYON.

Sabtu, 25 September 2010

TAMAN GEGURITAN 07

oleh Singgih Widodo pada 15 September 2010 jam 11:08





Rengeng rengeng swaraning Puja Puji marang Gusti
Krungu Lamat lamat dirasa rasa karasa hikmat
Trenyuh..
Nandhes..
Nancep..
Rasaning rasa jeroning ati
Teles ..
Mrembes..
Tumetes..
Eluhing mata Tanpa diaba
Ndrodok wel welan rasaning atiku  
swara puja puji tengah wengi
Ing malem Idul Fitri...

" KULA SAKALUWARGA HANGATURAKEN SUGENG RIYADEN 1431 H, 
NYUWUN PANGAPUNTEN SEDAYA KALEPATAN ...NUWUN"

13 SEPTEMBER 2010 PM 02.00 LT
SINGGIH WIDODO 

TAMAN GEGURITAN 08

oleh Singgih Widodo pada 17 September 2010 jam 13:05




Klemun klemun..
Cenaat cenuuut..
munyar munyer..
Rasane kaya wong keblinger 
sirahku kaya gangsingan mubeng seser
...
Ngadheg salah
Ndodhok salah
Mlumah uga salah
Mengkurep apa maneh, luwih parah..
Bisane mung thelek thelek
thela thelo
merem melek
dlongap dlongup  
kaya Kethek kena tulup
...
Kadang aku mikir "Sing mubeng iki Donyane apa awakku?"
Gregah gregah aku nyoba cekelan cagak omah tengah
Awakku ndredheg wel welan kaya ketemu Macan edan 
Oawalaaah... Gusti Allah
Ngene iki ta rasane awak yen lagi ora nggenah
Salah salah malah bisa didarani wong bubrah
Sebab tingkah polahku tansah gawe geguyu  
...
Tak unjalke ambeganku jero jero
tak  remke mripatku kareben ora mendholo 
Alon alon rasa rasane lara sangsaya suda
ragaku kesirep hawa dadi lan turune
Turu..
Turu mak seeer....
" Glonthaangggg ...!!!! " 
Kucing Garong untu ompong mancal trempolong bolong
Kaget aku..!!!
Aku tangi jenggirat ...!
Kucing tak balang papah gedang
mlayu nunjang palang tanpa ana sing ngadhang

Oawaaaah...Gusti Allah
Dina Rebo aku lenga lengo kaya wong bodho
Dina Rebo aku undhak-undhuk kaya Lele marani sunduk
Dina Rebo aku jempalikan ora karukaruan 
...
Muga muga Rebo mbesuk tan ana rubeda kalawan candik ala
Amiin..

Jum'at Pon, 16 September 2010 PM 09.00 LT
SINGGIH WIDODO  

TAMAN GEGURITAN 09

oleh Singgih Widodo pada 21 September 2010 jam 15:54
ana Ing Jaman Semana:
...
Ijo royo royo
Parine lemu lemu
Lagi wayah mrapu
Nggoda Manuk Emprit
Sing lagi jenthat jenthit  
Ono ing pang pang uwit
...
Kledhang kledhang
Akeh Kumbang padha ngleyang
Kepalu ketutu bingung golek madu
Amarga mangsa katelu suwe ora tinemu
...
Wangine Pari Mrapu anyegerake kalbu
Ijo royo royo angadhemake pandhulu
Padhang  njingglang  rasane atiku
Lega karasa rasaning ambeganku
Amarga lemahku anguripi uripku
...

Ana ing Jaman Saiki:
Wokeh lemah ditanduri omah
Jejel riyel ngebaki pandulu
Kaya jamur ing mangsa rendheng
Andadekake dada ampeg, ati sumpek
Adoh saka Pari kang ijo royo royo
Lan wangine Pari wayah mrapu
...
Yooo...wis piye maneh
Kabeh kanggo karaharjaning sapadha padha
Urip nang Donya kudhu tansah dhuwe Rasa Pangrasa
Adohna culika ,cedhaka marang sifat Manungsa Utama
"Becik Ketitik, Ala Ketara"
"Ojo Adhigang, Adhigung lan Adhiguna"
"Kabeh Karana Sing Kuwasa"
...
Tancep Kayon

Selasa Pahing, 21 September 2010 PM 04.45 LT
SINGGIH WIDODO

TAMAN GEGURITAN 11

oleh Singgih Widodo pada 25 September 2010 jam 13:57
Yen pikir tansah seje kalawan anteping Ati
Tiwas njungkar njungkir, ngentekake pikir
Tetep bae Ati goreh, ora bisa bisa sareh
...
Blura bluru, aku jaman golek dalan uripku
Tansah Nungsang njempalik kuwalik walik
kaya dingklik uglak uglik akeh ati padha mrekitik
Wus lumrahe, Sirah dinggo sikil, sikil kanggo sirah
Babak bundas, kepalu ketutu lakune dalan uripku
...
Wus dudu abang abang lambe kandane
Isuk dhele sore tempe, seje kana seje kene
Sopo sira sopo ingsun wus mbalung sungsum
Adhigang Adhigung Adiguna tansah ngrembaka
Kaya kecambah ketiban udan wayah sore
Tukul subur godonge ijo royo royo
Agawe tambah mirising atiku
Amarga...
Tatakrama wus dadi barang langka
Tepa slira sangsaya ngadohi jalma
Guyup rukun malah agawe padha gumun
Gethok tular dianggep ora tinemu nalar 
...
Pancen wus nasibing jaman uripku
Jaman Kucing Bule Mata Kebo
...
Duh Gustiiii...
Kawula nyuwun pangapunten ingkang kathah
Mugiya sederek kawula sedaya enggal lembah manah
Amiin...

'TANCEP KAYON'

Setu Legi, 25 September 2010 PM 02.10 LT
SINGGIH WIDODO

TAMAN GEGURITAN 10

oleh Singgih Widodo pada 23 September 2010 jam 14:19

Pancen wus Jamane
Samubarang kaya dudukarepe dhewe
Ora rina ora wengi padha menthelengi
Apa apa sing katon, dadi ora katon apa apa
Apa apa sing ora katon, dadi katon cetha wela wela
...
Sing Cidra Duraka, padha suka suka
kaya ora ana apa apa
Sing Ngugemi Ati Suci
bola bali nemahi laraning ati
...
Pancen wus Jamane
Kucing Bule mata Kebo
Tansah seneng gawe jalma thela thelo
Dhemen Sawiyah wiyah lan tumindak nggladrah
Donya kaya kaya duweke dhewe, kancane dilirwakake
...
Sumrepet rasaning atiku
Petheng ndhedet lelimengan panduluku
Kaya Mendung kandhel ing mangsa ketiga
Anutupi Bumi saka padhanging Ati kang Suci  
Amarga Jalma Tansah polah gedrah
ora nggenah agawe congkrah
...
Duh, Gustiiii Allah
Punapa panci sampun titi wanci sedaya dipun akhiri ?
Punapa Jalma sedaya sampun mboten gadah tatakrama ?
...
Duh, Gustiii Ingkang Akarya Jagad Alit Jagad Ageng
Kawula hanamung saged anyenyuwun pangapunten ingkang kathah
Dumateng sedaya sedayanipun ingkang klentun
Amiiiin Yaa Robbal'allamiin...

Kamis Wage/malem Jum'at Kliwon
Tgl. 23 September 2010 PM 03.00 LT
SINGGIH WIDODO

Senin, 06 September 2010


TAMAN GEGURITAN 06


.oleh Singgih Widodo pada 07 September 2010 jam 9:55.

Abang mbranang cahya Surya mangsa ketiga
Ngawe ngawe kadhang tani nyambut gawe
Jago kluruk, klurak kluruk wanci isuk nggugah ati ora oleh tengak tenguk
Ngajak para jalma guyup rukun, nandhang gawe rame rame
Kareben bisa mujudake apa wae sing dikarepake
...
Dak sawang sebrang kidul cetha wela wela dedhege Gunung Lawu pengkuh kebak wibawa
Kaya kaya mencep ngguyu anggeguyu awakku kang lagi nandhang belasungkawa
Kepalu ketutu, jungkir walik wolak walik gawe ati akeh sing padha nglirik
Nglirak nglirik yen dak cedhaki njrantal kaya asu kena gitik
Yaa..ora apa apa asal ati aja padha serik serik


Uriiiiip...urip
Urip pancen angel
Mula para sanak kadhang aja lirwakna
Mumpung isih padha ana ing ndunya
Hayo Guyup Rukun ngugemi Ati kang Nyawiji Marang Gusti Sing Murbeng Dumadi


CRAH AGAWE BUBRAH, RUKUN AGAWE SENTOSA
MILANG MILING WATON TANSAH ELING
...


Tancep Kayon


Selasa, 07 September 2010
SINGGIH WIDODO

Maksudnya :


Merah merona
Cahya mentari dimusim kemarau
Mengajak petani untuk bekerja
Ayam jantan berkokok terus dipagi hari, bangunkan niat hati untuk tidak bermalas malasan
Dan Mengajak manusia hidup rukun bekerja bersama sama
Untuk wujudkan semua keinginannya
...
Kulihat sangat jelas sebelah selatan, Gunung Lawu kokoh penuh wibawa
Senyum senyum seperti menghibur aku yang baru sedih
Duka nestapa, jungkir balik bolak balik ,banyak yang melirik
Melirik lirik kalo aku dekati lari,seperti anjing dipukul
...
Yaa.. tidak apa apa, asal tidak saling membenci


Hiduuup...hidup
Hidup memang sulit
Makanya Saudaraku semua jangan pernah 'lupa'
Selagi masih hidup didunia
Mari...Bersatu biar damai

Utamakan kata hati yang menyatu dgn Tuhan yg Menguasai Alam Seisinya
"Bercerai kita runtuh"
"Bersatu jadikan hidup makmur"
"Carilah kehidupan dgn selalu ingat padaNYA"


Sekian...









Sabtu, 04 September 2010

TAMAN GEGURITAN 05


.oleh Singgih Widodo pada 04 September 2010 jam 9:50.

Setiti ngati ati
Sluman slumun slamet
Alon alon waton klakon
Sakabehe obah mosike raga bisa kanggo tuladha
Kabeh ucap pangucap bisa dadi wisa
...
Kampul kampul ana selo ngambang ing segara
Muntuk muntuk unthukke rembug golek ukara kang mathuk
Ukara kang bisa kanggo tuladha
Ukara kang kebak sanepo urip panguripane jalma
Ukara kang ngudi resiking ati dhiri pribadi
...
Supaya tansah adoh saka cidro
Supaya jalma bisa ngudi padhanging ati
Supaya jalma tansah bisa migunani mring sapadha padha
...
Tancep Kayon


Setu o4 September 2010


SINGGIH WIDODO

Jumat, 03 September 2010

GEGURITAN 04


.oleh Singgih Widodo pada 03 September 2010 jam 15:48.


Anyep njejhet (Dingin sekali)
Petheng ndedhet (Gelap sekali)
Wayah wengi tan ana jalma (Malam hari tidak ada manusia yang keluar rumah)
Anane Kunang tanda iki dina mangsa Ketiga (Adanya Kunang kunang pemberi tanda musim kemarau)
Kledhang kledhang Rembulan katon nanggal kapisan (Rembulan awal bulan mengitari malam)
Mencap mencep nggoda manuk Beluk nginceng Beruk (Senyam senyum menggoda burung Hantu mengintip Kera)
Rasa atis karasa tumembus sungsuming raga (Rasa dingin sekali terasa menembus sumsum badan)
Katon ngawe awe marang sapa wae kang seneng gawe (Kelihatan mengajak siapa saja yang suka bekerja)
...
Remeng remeng (Remang remang)
Regemeng regemeng (Ada bayangan)
Cahya Surya mbukak mata (Sinar Mentari membuka mata)
Jago kluruk nggugah turu isuk isuk (Bunyi Ayam Jago pagi dinihari bangunkan tidur
Klurak kluruk ngajak Jalma manunggal karya (Berkokok terus mengajak manusia bekerja bersama sama)
Ceker ceker golek upo ing wayah mangsa ketiga (gerakkan kaki cari nasi dimusim kemarau)
...
Ocehan Prenjak dibales Perkutut manggung (Bunyi Burung Prenjak dibalas bunyi Anggungan burung Perkutut)
Bola bali muna muni kaya tanpa mikir nduwe utang sak gelung (Bunyi terus seperti tidak punya beban hutang dalam pikirannya)
Jalma manungsa ora rumangsa sakabehe iku bebasane sato kewan (Manusia tidak merasa bahwa itu bahasa dunia hewan)
Anyemoni jalma manungsa kang seneng suka suka tanpa waspadha (Menyindir manusia yang suka hura hura dan tidak waspada)
...
Jalmaaa...jalma (manusia...manusia)
Diilak ilekna kok yo ora isa isa (Diingatkan terus kok tidak bisa bisa)
Panchet ae isih kaya jalma jaman semana (Sama saja seperti manusia jaman dahulu)
Jalma jaman nguja suka suka lan adoh antheping dhada (Jaman Manusia mementingkan suka ria menjauhi kata hati nurani)
...
Gustiiii...Gusti (Tuhan...Tuhan)
Mugi mugiya tan ana rubedha angonangi mangsa jalma ngudi antheping dhada
(Semoga tidak ada halangan menemui Jaman manusia peduli dengan kata hatinya)

Amiiin....

Jum'at Wage, 03 September 2010 PM 02.15 LT
SINGGIH WIDODO

Selasa, 31 Agustus 2010

TAMAN GEGURITAN 03


.oleh Singgih Widodo pada 01 September 2010 jam 11:07.


Lamat lamat swara Perkutut manggung nembus wayah wengi
Anyep njejet sumilir angin mangsa ketiga njekut ngademi diri
Semrebet nggawa gandha ambu wangi ing wayah wengi
Ambu gandha lemah kang mbangun jiwa, raga lan nurani
Lemah Jawa Dwipa kang wus sawatara amung dadi impi
...
Kledang kledang Rembulane sumunar gawe pepadhang
Padang jingglang cahyane tumetes ning ademing ati
Ati kang tansah nyawiji marang Gusti, nyoba nyimak wengi
Tak trawang ,tak sawang Bumi Jawa Dwipa kaya wayah rina
Reja kaya lagi padha suka suka, lali marang rina lan wengi
...
Jawaaaa...Jawa..
Blegermu kaya Sima kurang mangsa
Klemah klemeh ati akeh sing durung padha semeleh
...
Byaaar...
Sumunar cahya Surya nggugah wengi
Padhange Nembus marang diri kang nyoba nenepi
Nenepi karana golek meneping ati kang putih suci
...
Jawaaa...Jawa
Muga muga diadohna sakabehing rubedha
Dadiya Gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja.
Amiin Yaa Robbal'allamiin...


Tancep Kayon,


Rebo Pahing, 01 September 2010
SINGGIH WIDODO


Sakdulit Dubang/Abang abang lambe : Katur sedaya sederek engkang remen geguritan. Kula nyuwun tulung ,menawi wonten klentunipun sumangga dipun leresaken mawon...Nuwun.

Jumat, 27 Agustus 2010

TAMAN GEGURITAN 01



.oleh Singgih Widodo pada 27 Agustus 2010 jam 13:09.


Paribasane Lambe setumang kari semerang
olehku ngecuwis ra uwis uwis
Bola bali olehku ngandani bola bali aku diwaneni
Mlebu kuping kiwa bablas njrantal metu maneh lewat kuping tengen
...
Bocaaaah...bocah...
Kapan kowe nggenah olehmu polah
Bedundak ..Bedunduk..Cenunak .. Cenunuk
Tanpa basa
tanpa ukara
tanpa krama
tanpa subasita
Apa rasamu wis pancen dadi mangsa ketiga ?
...
Bocaaaaah...bocah..
Mugo ndang sadara awak Ira
Ngertenana yaa...
" YEN SALAH BAKAL SELEH "
" SABAR IKU LUHUR WEKASANE "


Jum'at Pahing, 27 Agustus 2010 AM 11.55 LT
SINGGIH WIDODO
TAMAN GEGURITAN 2


.oleh Singgih Widodo pada 28 Agustus 2010 jam 11:58.

Kaya mega mendung runtang runtung,
gumanthung ning langit kang tansah suwung
Kaya Mimi lan Mintuna ana ing pinggire samudera,
tansah bareng bareng mujudke urip kareben regheng
...
Semono uga apa sing tak rasa ing rasaku
Rasa Jiwa Ragaku setia tuhu tansah manjing ing uripku
Urip kang tansah nyoba padha padha pingin nguripi lan diuripi
...
tak unjalke ambeganku jero jero
tak rhemke mripatku rapet rapet..
pet..peet..peeet
atiku madhep manthep lan menep
Madhep..
tansah wani ngadhepi bebrayaning ngaurip
Manthep..
teguh lan kukuh sanggup nyekel sakabehing bebener
Menep..
ora grusa grusu keburu hawa nepsu, tansah Ileng - Waspadha
...
Kareben urip tansah bisa nguripi
Kareben urip bisa bareng bareng urip
Kareben urip adoh saka rubeda lan sengkala
...
Muga Gusti Kang Murbeng Dumadi tansah ngijabahi
Amiiin..YRA.
Tancep Kayon...


Setu Pon, 28 Agustus 2010 PM 12.45 LT
SINGGIH WIDODO
‎* AJA CEDHAK KEBO GUPAK *



Jangan dekat Kerbau kotor berlumpur, karena ekornya akan bergerak gerak terus yang bisa mengotori badan kita...Dan itu pasti terjadi...Salam Saudara/i ku..

AJA BRAH BREH...KABEH KUDU DIPIKIR KANTI SAREH...REH...REEH...REEEEH...TUMEKANING ATI SUMELEH.



(Jangan asal asalan, semua harus dipikir dengan tenang . dari berpikir tenang timbulkan hati yang ikhlas Lillahita'alla

Kamis, 26 Agustus 2010

Byar pet..byar pet...

Lampu wengi mlerat mleret nang mripat gawe sumrepet
Sangsaya suwe kahanan sangsaya peteng ndhedhet
Ublik lampu lenga patra wus suwe ora iso disumet
Rasane soyo sumlenget nang ati greget greget
Byar pet..byar pet...
Duit seket ora ganep
Isane mung nyoba ati menep
Nep...menep...nep..nep...neeeep
Merga wis ra kuwawa, raga koyo kesirep
Cenunak cenunuk golek pepadang malah kesrimpet
Tiba mlumah awakku ora iso mengkurep mengkurep
Byaaaaaar...pet...byaaaaaar
Buyar peteng ndedet katon cahyo sumunar
Padang njingglang katon kabeh iso tak sawang
Jebul aku lagi njekangkang tiba mlumah soko ranjang
...
Oalaaaaah...
jebul ngimpi toh aku iki ..
Gusti...Gusti Sing Murbeng Dumadi
Tiwas tak dadekno ati...


KEMIS LEGI, 26 Agustus 2010 PM 03.45 LT
SINGGIH WIDODO
Paribasane Lambe setumang kari semerang
olehku ngecuwis ra uwis uwis
Bola bali olehku ngandani bola bali aku diwaneni
Mlebu kuping kiwa bablas njrantal metu maneh lewat kuping tengen
...
Bocaaaah...bocah...
Kapan kowe nggenah olehmu polah
Bedundak ..Bedunduk..Cenunak .. Cenunuk
Tanpa basa
tanpa ukara
tanpa krama
tanpa subasita
Apa rasamu wis pancen dadi mangsa ketiga ?
...
Bocaaaaah...bocah..
Mugo ndang sadara awak Ira
Ngertenana yaa...


" YEN SALAH BAKAL SELEH "
" SABAR IKU LUHUR WEKASANE "


Jum'at Pahing, 27 Agustus 2010 AM 11.55 LT
SINGGIH WIDODO