TAMAN GEGURITAN

TAMAN GEGURITAN
SURA DIRA JOYODININGRAT LEBUR DENING PANGESTUTI, TANCEP KAYON.

Selasa, 31 Agustus 2010

TAMAN GEGURITAN 03


.oleh Singgih Widodo pada 01 September 2010 jam 11:07.


Lamat lamat swara Perkutut manggung nembus wayah wengi
Anyep njejet sumilir angin mangsa ketiga njekut ngademi diri
Semrebet nggawa gandha ambu wangi ing wayah wengi
Ambu gandha lemah kang mbangun jiwa, raga lan nurani
Lemah Jawa Dwipa kang wus sawatara amung dadi impi
...
Kledang kledang Rembulane sumunar gawe pepadhang
Padang jingglang cahyane tumetes ning ademing ati
Ati kang tansah nyawiji marang Gusti, nyoba nyimak wengi
Tak trawang ,tak sawang Bumi Jawa Dwipa kaya wayah rina
Reja kaya lagi padha suka suka, lali marang rina lan wengi
...
Jawaaaa...Jawa..
Blegermu kaya Sima kurang mangsa
Klemah klemeh ati akeh sing durung padha semeleh
...
Byaaar...
Sumunar cahya Surya nggugah wengi
Padhange Nembus marang diri kang nyoba nenepi
Nenepi karana golek meneping ati kang putih suci
...
Jawaaa...Jawa
Muga muga diadohna sakabehing rubedha
Dadiya Gemah ripah loh jinawi, tata tentrem kerta raharja.
Amiin Yaa Robbal'allamiin...


Tancep Kayon,


Rebo Pahing, 01 September 2010
SINGGIH WIDODO


Sakdulit Dubang/Abang abang lambe : Katur sedaya sederek engkang remen geguritan. Kula nyuwun tulung ,menawi wonten klentunipun sumangga dipun leresaken mawon...Nuwun.

Jumat, 27 Agustus 2010

TAMAN GEGURITAN 01



.oleh Singgih Widodo pada 27 Agustus 2010 jam 13:09.


Paribasane Lambe setumang kari semerang
olehku ngecuwis ra uwis uwis
Bola bali olehku ngandani bola bali aku diwaneni
Mlebu kuping kiwa bablas njrantal metu maneh lewat kuping tengen
...
Bocaaaah...bocah...
Kapan kowe nggenah olehmu polah
Bedundak ..Bedunduk..Cenunak .. Cenunuk
Tanpa basa
tanpa ukara
tanpa krama
tanpa subasita
Apa rasamu wis pancen dadi mangsa ketiga ?
...
Bocaaaaah...bocah..
Mugo ndang sadara awak Ira
Ngertenana yaa...
" YEN SALAH BAKAL SELEH "
" SABAR IKU LUHUR WEKASANE "


Jum'at Pahing, 27 Agustus 2010 AM 11.55 LT
SINGGIH WIDODO
TAMAN GEGURITAN 2


.oleh Singgih Widodo pada 28 Agustus 2010 jam 11:58.

Kaya mega mendung runtang runtung,
gumanthung ning langit kang tansah suwung
Kaya Mimi lan Mintuna ana ing pinggire samudera,
tansah bareng bareng mujudke urip kareben regheng
...
Semono uga apa sing tak rasa ing rasaku
Rasa Jiwa Ragaku setia tuhu tansah manjing ing uripku
Urip kang tansah nyoba padha padha pingin nguripi lan diuripi
...
tak unjalke ambeganku jero jero
tak rhemke mripatku rapet rapet..
pet..peet..peeet
atiku madhep manthep lan menep
Madhep..
tansah wani ngadhepi bebrayaning ngaurip
Manthep..
teguh lan kukuh sanggup nyekel sakabehing bebener
Menep..
ora grusa grusu keburu hawa nepsu, tansah Ileng - Waspadha
...
Kareben urip tansah bisa nguripi
Kareben urip bisa bareng bareng urip
Kareben urip adoh saka rubeda lan sengkala
...
Muga Gusti Kang Murbeng Dumadi tansah ngijabahi
Amiiin..YRA.
Tancep Kayon...


Setu Pon, 28 Agustus 2010 PM 12.45 LT
SINGGIH WIDODO
‎* AJA CEDHAK KEBO GUPAK *



Jangan dekat Kerbau kotor berlumpur, karena ekornya akan bergerak gerak terus yang bisa mengotori badan kita...Dan itu pasti terjadi...Salam Saudara/i ku..

AJA BRAH BREH...KABEH KUDU DIPIKIR KANTI SAREH...REH...REEH...REEEEH...TUMEKANING ATI SUMELEH.



(Jangan asal asalan, semua harus dipikir dengan tenang . dari berpikir tenang timbulkan hati yang ikhlas Lillahita'alla

Kamis, 26 Agustus 2010

Byar pet..byar pet...

Lampu wengi mlerat mleret nang mripat gawe sumrepet
Sangsaya suwe kahanan sangsaya peteng ndhedhet
Ublik lampu lenga patra wus suwe ora iso disumet
Rasane soyo sumlenget nang ati greget greget
Byar pet..byar pet...
Duit seket ora ganep
Isane mung nyoba ati menep
Nep...menep...nep..nep...neeeep
Merga wis ra kuwawa, raga koyo kesirep
Cenunak cenunuk golek pepadang malah kesrimpet
Tiba mlumah awakku ora iso mengkurep mengkurep
Byaaaaaar...pet...byaaaaaar
Buyar peteng ndedet katon cahyo sumunar
Padang njingglang katon kabeh iso tak sawang
Jebul aku lagi njekangkang tiba mlumah soko ranjang
...
Oalaaaaah...
jebul ngimpi toh aku iki ..
Gusti...Gusti Sing Murbeng Dumadi
Tiwas tak dadekno ati...


KEMIS LEGI, 26 Agustus 2010 PM 03.45 LT
SINGGIH WIDODO
Paribasane Lambe setumang kari semerang
olehku ngecuwis ra uwis uwis
Bola bali olehku ngandani bola bali aku diwaneni
Mlebu kuping kiwa bablas njrantal metu maneh lewat kuping tengen
...
Bocaaaah...bocah...
Kapan kowe nggenah olehmu polah
Bedundak ..Bedunduk..Cenunak .. Cenunuk
Tanpa basa
tanpa ukara
tanpa krama
tanpa subasita
Apa rasamu wis pancen dadi mangsa ketiga ?
...
Bocaaaaah...bocah..
Mugo ndang sadara awak Ira
Ngertenana yaa...


" YEN SALAH BAKAL SELEH "
" SABAR IKU LUHUR WEKASANE "


Jum'at Pahing, 27 Agustus 2010 AM 11.55 LT
SINGGIH WIDODO